Waljinah - Nginang Karo Ngilo
Eh eh eh.. nginang karo ngiloKothak cilik mas nggo wadah mbakoAku Emoh-aku emoh yen kowe ngonoPlonga-plongo anggepmu koyo wong bodo
Dituthuk nganggo pipo ledengIsi kapuk mas jenenge klenthengTiwas methuk- tiwas methuk sikile kemengBareng pethuk jebule malah mentheleng
Eman eman di-eman-emanWong dolanan malah dadi tenananEman-eman di-eman-emanEman-eman jebule ora keduman
Pilih gethuk opo pilih tapePodo-podo mas.. soko telaneMbiyen piye saiki katone piyeYen ra mathuk mumpung podo butuhe
Eh eh eh.. nginang karo ngiloNumpak jaran mas.. jarane beloMbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngonoBungah susah jare dinggo wong loro